sineksen mbulan kekencar ing ratri
nggurit jagad bareng klawan si reki
sayang ...

natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu
eman ...

kenya manis sesotyaku

lara lapa tansah nggandheng lan sira
lelana wana coba nrajang godha
nimas ...

angugemi janji suci kang wus tinali
yayi ...

nyawiji tekaning pati

sumpahing ati sayang tansah sandhingan
kang kadya mimi mintuna setyeng katresnan

pujanku sayang manggih klanggengan
mrih bisa kasembadan antuk jatining kasetyan

Sample comments about this video

"Lain kali unggahno volume ne mas .. tak setel Nang sound 4 sab mosok kurang banter .. OPO Goro Goro live ya"